Khutbah Jumat (Basa Jawa): Pentingipun Njagi Lisan
Khutbah Jumat (Basa Jawa): Pentingipun Njagi Lisan


Ilustrasi Berbicara dengan Orang Banyak. Sumber: Canva
Khutbah Sepindah
الْحَمْدُ لِلَّهِ الَّذِي هَدَانَا لِهَذَا، وَمَا كُنَّا لِنَهْتَدِيَ لَوْلَا أَنْ هَدَانَا اللَّهُ. أَشْهَدُ أَنْ لَا إِلٰهَ إِلَّا اللَّهُ وَحْدَهُ لَا شَرِيكَ لَهُ، وَأَشْهَدُ أَنَّ سَيِّدَنَا مُحَمَّدًا عَبْدُهُ وَرَسُولُهُ، لَا نَبِيَّ بَعْدَهُ .اللَّهُمَّ صَلِّ وَسَلِّمْ وَبَارِكْ عَلَى سَيِّدِنَا مُحَمَّدٍ، وَعَلَى آلِهِ وَأَصْحَابِهِ، وَمَنْ تَبِعَهُمْ بِإِحْسَانٍ إِلَى يَوْمِ الدِّينِ .أَمَّا بَعْدُ، فَيَا أَيُّهَا الْمُسْلِمُونَ، أُوصِيكُمْ وَنَفْسِي بِتَقْوَى اللَّهِ، فَقَدْ فَازَ الْمُتَّقُونَ . قَالَ اللَّهُ تَعَالَى فِي الْقُرْآنِ الْكَرِيمِ: يَا أَيُّهَا الَّذِينَ آمَنُوا اتَّقُوا اللَّهَ وَقُولُوا قَوْلًا سَدِيدًا.
Hadirin Jamaah Jumat ingkang Minulya
Sumonggo kito sami ngunjukaken raos syukur dhumateng Allah SWT ingkang sampun paring pinten-pinten kenikmatan, arupi nikmat iman, Islam, saha kesehatan. Shalawat ugi salam mugi tansah katetepaken dhumateng Kanjeng Nabi Muhammad SAW, kulawarga, para sahabat, lan sedaya umatipun.
Wonten kesempatan ingkang kebak barokah meniko, kawulo ngajak dhumateng diri kawulo pribadi, lan dhumateng sedaya jamaah supados tansah ningkataken ketakwaan dhumateng Allah SWT, kanthi nindakaken perintahipun Allah saha nebihi sedaya awisanipunipun.
Jamaah Jumat ingkang minulya,
Ing jaman digital menika, pawarta saged sumebar kanthi cepet lumantar media sosial. Nanging, media sosial ugi saged dados sarana sumebaring fitnah, berita palsu, ujaran sengit, lan adu domba. Pramila, kita kedah ngati-ati nalika nampi lan nyebaraken pawarta.
Allah SWT paring piweling wonten ing Surat Al-Hujurat ayat 6:
يَا أَيُّهَا الَّذِينَ آمَنُوا إِنْ جَاءَكُمْ فَاسِقٌ بِنَبَإٍ فَتَبَيَّنُوا أَنْ تُصِيبُوا قَوْمًا بِجَهَالَةٍ فَتُصْبِحُوا عَلَى مَا فَعَلْتُمْ نَادِمِينَ
Ingkang artosipun: “He wong-wong kang podho iman, yen ana wong fasik teka nggawa pawarta, mula tlitinen dhisik, supaya kowe ora gawe cilaka sawijining kaum amarga ora ngerti kahanan sing saktenane, banjur kowe getun marang tumindakmu.” (QS. Al-Hujurat: 6)
Ayat menika ngajaraken dhumateng kita supados nindakaken tabayyun, inggih menika mriksa lan mesthekaken kasunyatan pawarta sadèrèngipun dipun pitados utawi dipun sebaraken.
Jamaah ingkang dipun rahmati Allah,
Ing jaman sapunika, njagi lisan boten namung kanthi njagi pangucap, nanging ugi njagi tulisan, komentar, lan pawarta ingkang kita sebaraken lumantar telpon genggam. Sedaya punika kedah dipun tanggel jawabaken wonten ing ngarsanipun Allah SWT.
Allah SWT ngendika wonten ing Surat Qaf ayat 18:
مَا يَلْفِظُ مِنْ قَوْلٍ إِلَّا لَدَيْهِ رَقِيبٌ عَتِيدٌ
Ingkang artosipun: “Ora ana tembung kang diucapake, kajaba ana malaikat pengawas kang tansah siyaga nyathet.” (QS. Qaf: 18)
Rasulullah SAW ugi paring piwulang:
مَنْ كَانَ يُؤْمِنُ بِاللَّهِ وَالْيَوْمِ الْآخِرِ فَلْيَقُلْ خَيْرًا أَوْ لِيَصْمُتْ
“Sapa wae kang iman marang Allah lan dina akhir, hendakna ngucapake perkara kang becik utawa meneng.” (HR. Bukhari lan Muslim)
Hadis menika ngelingaken bilih meneng langkung sae tinimbang ngucap utawi nyebaraken perkawis ingkang mboten migunani lan saged damel cilaka tiyang sanes.
Rasulullah SAW ugi ngendika:
الْمُسْلِمُ مَنْ سَلِمَ الْمُسْلِمُونَ مِنْ لِسَانِهِ وَيَدِهِ
“Wong Islam sejati yaiku wong kang ndadekake wong Islam liyane slamet saka gangguan lisan lan tangane.” (HR. Bukhari lan Muslim)
Mila, tangan ingkang kita ginakaken kangge nyerat lan nyebaraken pawarta ing media sosial kedah dados sarana kabecikan, sanes sarana nyebar fitnah, nyenyamah, utawi mecah belah paseduluran.
Jamaah Jumat ingkang minulya,
Sumangga kita ginakaken media sosial kanthi wicaksana. Sebaraken pawarta ingkang leres, guneman kanthi santun, lan aja kesusu nyebaraken pawarta ingkang dereng cetha kasunyatanipun. Mugi Allah SWT tansah njagi lisan, tangan, lan manah kita saking fitnah, saha ndadosaken kita minangka umat ingkang saged njagi kerukunan lan paseduluran.
أَعُوذُ بِاللَّهِ مِنَ الشَّيْطَانِ الرَّجِيمِ. بِسْمِ اللَّهِ الرَّحْمَٰنِ الرَّحِيمِ. وَالْعَصْرِ. إِنَّ الْإِنْسَانَ لَفِي خُسْرٍ. إِلَّا الَّذِينَ آمَنُوا وَعَمِلُوا الصَّالِحَاتِ وَتَوَاصَوْا بِالْحَقِّ وَتَوَاصَوْا بِالصَّبْرِ .بَارَكَ اللَّهُ لِيْ وَلَكُمْ فِي الْقُرْآنِ الْعَظِيْمِ، وَنَفَعَنِيْ وَإِيَّاكُمْ بِمَا فِيْهِ مِنَ الْآيَاتِ وَالذِّكْرِ الْحَكِيْمِ. أَقُوْلُ قَوْلِيْ هَذَا، وَأَسْتَغْفِرُ اللَّهَ الْعَظِيْمَ لِيْ وَلَكُمْ وَلِسَائِرِ الْمُسْلِمِيْنَ وَالْمُسْلِمَاتِ، فَاسْتَغْفِرُوْهُ، إِنَّهُ هُوَ الْغَفُوْرُ الرَّحِيْمُ.
Khutbah Kaping Kalih
الْحَمْدُ لِلَّهِ عَلَى إِحْسَانِهِ، وَالشُّكْرُ لَهُ عَلَى تَوْفِيقِهِ وَامْتِنَانِهِ. وَأَشْهَدُ أَنْ لَا إِلَهَ إِلَّا اللَّهُ وَحْدَهُ لَا شَرِيكَ لَهُ، وَأَشْهَدُ أَنَّ سَيِّدَنَا مُحَمَّدًا عَبْدُهُ وَرَسُولُهُ الدَّاعِي إِلَى رِضْوَانِهِ. اللَّهُمَّ صَلِّ عَلَى سَيِّدِنَا مُحَمَّدٍ وَعَلَى آلِهِ وَأَصْحَابِهِ وَسَلِّمْ تَسْلِيمًا كَثِيرًا. أَمَّا بَعْدُ، فَيَا أَيُّهَا النَّاسُ، اتَّقُوا اللَّهَ فِيمَا أَمَرَ، وَانْتَهُوا عَمَّا نَهَى عَنْهُ وَزَجَرَ. إِنَّ اللَّهَ وَمَلَائِكَتَهُ يُصَلُّونَ عَلَى النَّبِيِّ يَا أَيُّهَا الَّذِينَ آمَنُوا صَلُّوا عَلَيْهِ وَسَلِّمُوا تَسْلِيمًا. اللَّهُمَّ صَلِّ عَلَى سَيِّدِنَا مُحَمَّدٍ وَعَلَى آلِ سَيِّدِنَا مُحَمَّدٍ. اللَّهُمَّ اغْفِرْ لِلْمُسْلِمِينَ وَالْمُسْلِمَاتِ، وَالْمُؤْمِنِينَ وَالْمُؤْمِنَاتِ، الْأَحْيَاءِ مِنْهُمْ وَالْأَمْوَاتِ. اللَّهُمَّ ادْفَعْ عَنَّا الْبَلَاءَ وَالْوَبَاءَ وَالزَّلَازِلَ وَالْمِحَنَ وَسُوءَ الْفِتَنِ، مَا ظَهَرَ مِنْهَا وَمَا بَطَنَ، عَنْ بَلَدِنَا إِنْدُونِيسِيَا خَاصَّةً، وَسَائِرِ بُلْدَانِ الْمُسْلِمِينَ عَامَّةً، يَا رَبَّ الْعَالَمِينَ. رَبَّنَا آتِنَا فِي الدُّنْيَا حَسَنَةً، وَفِي الْآخِرَةِ حَسَنَةً، وَقِنَا عَذَابَ النَّارِ.
عِبَادَ اللَّهِ، إِنَّ اللَّهَ يَأْمُرُ بِالْعَدْلِ وَالْإِحْسَانِ وَإِيتَاءِ ذِي الْقُرْبَى، وَيَنْهَى عَنِ الْفَحْشَاءِ وَالْمُنْكَرِ وَالْبَغْيِ، يَعِظُكُمْ لَعَلَّكُمْ تَذَكَّرُونَ .فَاذْكُرُوا اللَّهَ الْعَظِيمَ يَذْكُرْكُمْ، وَاشْكُرُوهُ عَلَى نِعَمِهِ يَزِدْكُمْ، وَلَذِكْرُ اللَّهِ أَكْبَرُ.
Terkait
Pawiyatan Warung Santri © 2026
Pawiyatan Warung Santri
Mempererat ukhuwah, melestarikan sunah
