Khutbah Jumat (Basa Jawa): Nglestantunaken Syukur Dumateng Nikmatipun Gusti Allah

Khutbah Jumat (Basa Jawa): Nglestantunaken Syukur Dumateng Nikmatipun Gusti Allah

Ayat Syukur. Sumber: google.com

Khutbah Awal:

الْحَمْدُ لِلَّهِ حَمْدًا كَثِيرًا طَيِّبًا مُبَارَكًا فِيهِ، كَمَا يُحِبُّ رَبُّنَا وَيَرْضَى، وَأَشْهَدُ أَنْ لَا إِلٰهَ إِلَّا اللَّهُ وَحْدَهُ لَا شَرِيكَ لَهُ، عَظِيمٌ فِي رُبُوبِيَّتِهِ وَأُلُوهِيَّتِهِ وَأَسْمَائِهِ وَصِفَاتِهِ، حَكِيمٌ فِي مَقَادِيرِهِ وَأَحْكَامِهِ، وَأَشْهَدُ أَنَّ مُحَمَّدًا عَبْدُهُ وَرَسُولُهُ. اللَّهُمَّ صَلِّ وَسَلِّمْ وَبَارِكْ عَلَى سَيِّدِنَا مُحَمَّدٍ، وَعَلَى آلِهِ وَأَصْحَابِهِ، وَالتَّابِعِينَ لَهُمْ بِإِحْسَانٍ إِلَى يَوْمِ لِقَائِهِ. أَمَّا بَعْدُ، فَيَا أَيُّهَا النَّاسُ، اتَّقُوا اللَّهَ حَقَّ التَّقْوَى. وَقَالَ تَعَالَى: وَمَا كَانَ اللَّهُ لِيُعَذِّبَهُمْ وَأَنْتَ فِيهِمْ وَمَا كَانَ اللَّهُ مُعَذِّبَهُمْ وَهُمْ يَسْتَغْفِرُونَ

Hadirin jamaah Jumat ingkang minulya,

Sumangga kita sesarengan ningkataken iman lan takwa dhumateng Allah SWT, kanthi nglampahi sedaya dhawuh-dhawuhipun saha nebihi sedaya awisanipun. Sampun kesupen ugi kita tansah ngaturaken puji syukur dhumateng Allah SWT, ingkang sampun paring maneka warni nikmat dhumateng kita, wiwit nikmat batin awujud iman lan Islam, dumugi nikmat lahir awujud kasarasan lan kabegjan.

Shalawat saha salam mugi tansah katetepaken dhumateng junjungan kita, Kanjeng Nabi Muhammad SAW, saha kulawarga lan para sahabatipun, ingkang sampun paring tuladha dhateng kita sedaya babagan kados pundi kedahipun ngraosaken syukur dhumateng nikmatipun Allah.

Jamaah ingkang minulya, sedaya nikmat ingkang sampun dipun paringaken Allah kedah kita syukuri, awit kathah sanget nikmatipun Allah ingkang boten badhe saged kita etang sedaya. Kados ingkang sampun dipun dhawuhaken dening Allah SWT wonten ing Al-Qur’an:

وَاِنْ تَعُدُّوْا نِعْمَةَ اللّٰهِ لَا تُحْصُوْهَا ۗاِنَّ اللّٰهَ لَغَفُوْرٌ رَّحِيْمٌ

Artosipun: Lamun siro kabeh ngitung nikmate Allah, mongko ora bakal iso ngitung. Saktemene Gusti Allah iku akeh pengapuro tur welas asih (Al-Nahl : 18)

Wonten ing Kitab Tafsir Ibnu Katsir, ayat menika dados pangeling-eling dhumateng kita sedaya bilih ageng sanget nikmat ingkang sampun dipun paringaken dening Allah SWT. Kathahipun nikmat kasebat ndadosaken kita boten saged ngetang sedaya peparingipun Allah. Nanging, ing gesang saben dinten, kadhangkala kita taksih asring kesupen lan kirang syukur dhumateng nikmat-nikmat menika. Sinaosa mekaten, Allah SWT tetep Maha Pangapunten dhumateng sedaya kalepatanipun para kawulanipun.

Hadirin jamaah Jumat ingkang minulya,

Kedah kita mangertosi bilih tiyang ingkang tansah syukur dhumateng nikmatipun Allah, insyaallah badhe pikantuk tambahan nikmat saking Panjenenganipun. Sanajan rejeki ingkang dipun tampi namung awujud wiji alit, menawi dipun syukuri kanthi tulus, rejeki menika saged dados berkah ingkang ageng wonten ing gesang kita. Gusti Allah dawuh:

وَاِذْ تَاَذَّنَ رَبُّكُمْ لَئِنْ شَكَرْتُمْ لَاَزِيْدَنَّكُمْ وَلَئِنْ كَفَرْتُمْ اِنَّ عَذَابِيْ لَشَدِيْدٌ

Artosipun: Lan ilingo, nalikane Gusti Allah paring maklumat: saktemene lamun siro kabeh podo syukur, mongko ingsun tambahi, lan lamun siro kabeh kufur, mongko saktemene sikso ingsun iku banget larane (Ibrahim: 7)

Syukur dhumateng nikmat ingkang sampun dipun paringaken dening Allah SWT badhe dados sebab tambahipun nikmat. Kosok wangsulipun, sinten kemawon ingkang kufur nikmat, boten purun syukur dhumateng peparingipun Allah, mila piyambakipun badhe pikantuk siksa.

Wonten ing Tafsir Muyassar anggitanipun Imam As-Sa’di, dipun terangaken bilih:

وَالشُّكْرُ هُوَ اِعْتِرَافُ اْلقَلْبِ بِنِعَمِ اللهِ وَالثّنَاءُ عَلىَ اللهِ بِها وَصَرْفُهَا فيِ مَرْضَاةِ اللهِ تعالى

Tegesipun: Syukur inggih menika ngakeni wontenipun nikmat saking Allah kanthi manah, muji dhumateng Allah awit nikmat kasebat, saha ngginakaken nikmat menika kangge nindakaken perkawis ingkang dipun ridhoi dening Allah SWT.

Jamaah Jumat ingkang minulya,

Saking katerangan menika, sumangga kita sami mawas dhiri lan niti priksa dhateng manah kita piyambak. Menapa kita sampun saestu muji lan syukur dhumateng Allah awit sedaya nikmat ingkang sampun dipun paringaken? Utawi malah kita taksih asring kesupen lan kirang ngraosaken syukur?

Pramila, sumangga kita sami ngiyataken raos syukur kanthi ngathahaken ngucap alhamdulillah, ingkang kedah dipun barengi kaliyan tumindak-tumindak sae. Awit sejatosipun, syukur boten namung cekap dipun ucapaken kanthi lesan, nanging ugi kedah kawujud wonten ing manah lan tumindak kita saben dinten. Nanging ing kasunyatanipun, taksih kathah tiyang ingkang kesupen lan kirang syukur dhumateng nikmat ingkang sampun dipun tampi.

Gusti Allah SWT sampun paring pangandikan wonten ing Al-Qur’an:

وَقَلِيلٌ مِّنْ عِبَادِيَ الشَّكُورُ

Artosipun: Kedik banget saking kawulo ingsun ingkang akeh syukure (Saba’: 13)

​​​​​​​Pramila, sumangga kita sampun ngantos kesupen dhumateng pepelingipun Allah SWT, ingkang tansah paring pangemut-emut dhumateng kita sedaya supados tansah syukur dhumateng sedaya nikmat ingkang sampun dipun paringaken.

Mugi-mugi kita sedaya saged dados golonganipun tiyang ingkang tansah muji lan syukur dhumateng Allah SWT, satemah kita kalebet ‘ibādillāhisy-syākirīn, inggih menika para kawula Allah ingkang tansah syukur, saha pikantuk ridha lan berkahipun Allah SWT. Mugi kita ugi kalebet umatipun Kanjeng Nabi Muhammad ﷺ ingkang tansah syukur dhumateng nikmatipun Allah. Āmīn yā Rabbal ‘ālamīn.

أَعُوذُ بِاللّٰهِ مِنَ الشَّيْطَانِ الرَّجِيْمِ. بِسْمِ اللّٰهِ الرَّحْمَٰنِ الرَّحِيْمِ. رَبِّ أَوْزِعْنِي أَنْ أَشْكُرَ نِعْمَتَكَ الَّتِي أَنْعَمْتَ عَلَيَّ وَعَلَىٰ وَالِدَيَّ، وَأَنْ أَعْمَلَ صَالِحًا تَرْضَاهُ، وَأَدْخِلْنِي بِرَحْمَتِكَ فِي عِبَادِكَ الصَّالِحِيْنَ.

بَارَكَ اللّٰهُ لِي وَلَكُمْ فِي الْقُرْآنِ الْعَظِيْمِ، وَنَفَعَنِي وَإِيَّاكُمْ بِالْآيَاتِ وَالذِّكْرِ الْحَكِيْمِ، إِنَّهُ تَعَالَىٰ جَوَّادٌ كَرِيْمٌ، مَلِكٌ بَرٌّ رَؤُوفٌ رَحِيْمٌ.

Khutbah Tsani:

اَلْحَمْدُ لِلّٰهِ حَمْدًا كَثِيْرًا كَمَا أَمَرَ. أَشْهَدُ أَنْ لَا إِلٰهَ إِلَّا اللّٰهُ وَحْدَهُ لَا شَرِيْكَ لَهُ، إِرْغَامًا لِمَنْ جَحَدَ بِهِ وَكَفَرَ. وَأَشْهَدُ أَنَّ سَيِّدَنَا مُحَمَّدًا عَبْدُهُ وَرَسُوْلُهُ، سَيِّدُ الْخَلَائِقِ وَالْبَشَرِ. اَللّٰهُمَّ صَلِّ وَسَلِّمْ عَلَىٰ سَيِّدِنَا وَمَوْلَانَا مُحَمَّدٍ، وَعَلَىٰ آلِهِ وَأَصْحَابِهِ، وَمَنْ تَبِعَهُمْ بِإِحْسَانٍ إِلَىٰ يَوْمِ الدِّيْنِ. أَمَّا بَعْدُ، فَيَا أَيُّهَا النَّاسُ، اِتَّقُوا اللّٰهَ فِيْمَا أَمَرَ، وَانْتَهُوْا عَمَّا نَهَىٰ، وَاعْلَمُوْا أَنَّ اللّٰهَ أَمَرَكُمْ بِأَمْرٍ بَدَأَ فِيْهِ بِنَفْسِهِ، وَثَنَّىٰ بِمَلَائِكَتِهِ بِقُدْسِهِ، فَقَالَ تَعَالَىٰ: ﴿إِنَّ اللّٰهَ وَمَلَائِكَتَهُ يُصَلُّوْنَ عَلَى النَّبِيِّ، يَا أَيُّهَا الَّذِيْنَ آمَنُوْا صَلُّوْا عَلَيْهِ وَسَلِّمُوْا تَسْلِيْمًا﴾.

اَللّٰهُمَّ صَلِّ عَلَىٰ سَيِّدِنَا مُحَمَّدٍ، وَعَلَىٰ آلِ سَيِّدِنَا مُحَمَّدٍ، وَعَلَىٰ أَنْبِيَائِكَ وَرُسُلِكَ وَمَلَائِكَتِكَ الْمُقَرَّبِيْنَ. وَارْضَ اللّٰهُمَّ عَنِ الْخُلَفَاءِ الرَّاشِدِيْنَ: أَبِيْ بَكْرٍ، وَعُمَرَ، وَعُثْمَانَ، وَعَلِيٍّ، وَعَنْ بَقِيَّةِ الصَّحَابَةِ وَالتَّابِعِيْنَ، وَتَابِعِي التَّابِعِيْنَ لَهُمْ بِإِحْسَانٍ إِلَىٰ يَوْمِ الدِّيْنِ، وَارْضَ عَنَّا مَعَهُمْ بِرَحْمَتِكَ يَا أَرْحَمَ الرَّاحِمِيْنَ. اَللّٰهُمَّ اغْفِرْ لِلْمُؤْمِنِيْنَ وَالْمُؤْمِنَاتِ، وَالْمُسْلِمِيْنَ وَالْمُسْلِمَاتِ، الْأَحْيَاءِ مِنْهُمْ وَالْأَمْوَاتِ. اَللّٰهُمَّ أَعِزَّ الْإِسْلَامَ وَالْمُسْلِمِيْنَ، وَأَذِلَّ الشِّرْكَ وَالْمُشْرِكِيْنَ، وَانْصُرْ عِبَادَكَ الْمُوَحِّدِيْنَ، وَانْصُرْ مَنْ نَصَرَ الدِّيْنَ، وَاخْذُلْ مَنْ خَذَلَ الْمُسْلِمِيْنَ، وَدَمِّرْ أَعْدَاءَ الدِّيْنِ، وَأَعْلِ كَلِمَاتِكَ إِلَىٰ يَوْمِ الدِّيْنِ. اَللّٰهُمَّ ادْفَعْ عَنَّا الْبَلَاءَ، وَالْوَبَاءَ، وَالزَّلَازِلَ، وَالْمِحَنَ، وَسُوْءَ الْفِتْنَةِ مَا ظَهَرَ مِنْهَا وَمَا بَطَنَ، عَنْ بَلَدِنَا إِنْدُوْنِيْسِيَا خَاصَّةً، وَسَائِرِ الْبُلْدَانِ الْمُسْلِمَةِ عَامَّةً، يَا رَبَّ الْعَالَمِيْنَ. رَبَّنَا آتِنَا فِي الدُّنْيَا حَسَنَةً، وَفِي الْآخِرَةِ حَسَنَةً، وَقِنَا عَذَابَ النَّارِ.

عِبَادَ اللّٰهِ! إِنَّ اللّٰهَ يَأْمُرُ بِالْعَدْلِ وَالْإِحْسَانِ وَإِيْتَاءِ ذِي الْقُرْبَىٰ، وَيَنْهَىٰ عَنِ الْفَحْشَاءِ وَالْمُنْكَرِ وَالْبَغْيِ، يَعِظُكُمْ لَعَلَّكُمْ تَذَكَّرُوْنَ. فَاذْكُرُوا اللّٰهَ الْعَظِيْمَ يَذْكُرْكُمْ، وَاشْكُرُوْهُ عَلَىٰ نِعَمِهِ يَزِدْكُمْ، وَلَذِكْرُ اللّٰهِ أَكْبَرُ.

Terkait

Pawiyatan Warung Santri © 2026

Pawiyatan Warung Santri

Mempererat ukhuwah, melestarikan sunah

Tanya Jawab Agama